ADIWIYATA
Ing smpn 1 JENU ono
program sekolah adiwiyata utawi eko sekul. Saben dino jum’at ngadaake kagiyatan
jum’at resik. Dino iku ing kantin sekolah.
Putri
: wes,wes na ayo di resik’i kelas’e jam’e selak bar.
Farida
: engkok sek cah, wetengku luwe,sarapan disek.
Rohma : awakmu ki piye
toh,mau budal isuk gak ndang sarapan saiki wayahe resik-resik malah
sarapan,delok’en toh mengko ditiru adek- adek kelas
Emilia :wes
lah,ora usah urus adek kelas,engkok wetenge awak dewe loro amergo gak sarapan
Farida
: na yo toh
Putri
: yo wis,sak
karepmu aku arep bali neng kelas disek
Rohma
: aku melu, bali
disek yo
Farida : yo (mbek molo-molo)
Sakwise
sarapan bocah loro mau bali neng kelas. Tapi sakdurunge bali neng kelas bocah
loro mau krungu batur-baturane wis podo dongo pertondo yen gurune wes mlebu
kelas.
Farida :ndoh,kok
wis podo donga kabeh. Wis ono guru neng kelas mil. Aduh.. mesti kenek hukuman
iki.
Emilia :
na ayo kok mlayu wae suwi tenan.
Farida
:
sek toh,wetengku suduk’en iki lo..(sinambi ngelus-ngelus wetenge)
Emilia :
walah..,sikel iki mbulet wae(tibo)
Emilia
lan farida :
assalammu’alaikum
Bu.eni : wa’alaikum salam.
Mari neng ndi wae ora melu jumat resik,mlebu kari.
Emilia
:ngapunten bu kula,
Bu.
Eni : wis ga usah
akeh alesan,aku wis ngerti. Mestine kakak kelas iku menehi conto sing apik
marang adik kelas,ora mung gawe ulah.wis saiki resiki wc,latar sekolah,mari iku
kurmat marang gendero nganti ngaso.
Bocah
loro mau diseneni lan dihukum. Tapi wektu dihukum ora ngrumangsani nek wong
loro kuwi kliru malah podo salah- salahan.
Emilia :
adoh- adoh ki salah’em,wes masok mangan wae.
Farida :
kuwe yo mangan ngunu kok.(karo mlorok’i emilia)
Emilia
:
emm..mlayunem suwe cah..
Farida :
halah,kuwe malah tibo.
Rohma :
wes-wes wong loro podo salah’e gak usah eyel-eyelan. Kae lo di celuk bu eni
Farida
lan emilia
banjur nemoni bu eni,bocah loro kuwi diwenehi wejangan. Tapi wejangan iku mung
mlebu kuping tengen lan metu kuping kiwo.
Putri
: piye wes kapok.
Farida
: gak
leh,mbadak’i guru (sinambai mangan jajan)
Emilia
: na yo leh,mosok
murid kon resik-resik teros,opo gunane
Rohma :
wong loro ki piye toh. Sekolah iki lak melu program adiwiyata yo kudu resik lan
ijem lingkungane dadi yo kudu resik-resik.
Farida :
eh.. ngunu..(sambil mbuwang-mbuwang kulit jajan sak enggon- enggon)
putri :
loh,wes dituturi malah sampahe mbog glece neng ndi- ndi
farida :
iyo-iyo,(farida seng wes sadar perbuatane banjur munguti sampah sing di glece
mau)
emilia :
tapi, wes ono pak bon ngnu kok
rohma
: ndo..sing
jenenge adiwiyata iku kabeh anggota sekolah dadi yo ra mung pak bon sing
ngresiki sekolah uga siswa-siswi,guru, staf TU. Kepala sekolah yo kudu
resik-resik
emilia
lan farida : eeeeeeeeeeeeeeeeeee..........
farida :
iyo-yo berarti awak dewe kawet biyen kliru
emilia
:
iyo-yo,sepurane yo nek aku karo farida ora tau ngrungokno awakmu,aku yo ra tau
resik-resik,sepurane tenan aku nyesel..
putri :
wis ora ngapa sing penteng saiki wes
sadar. Wis mulane saiki kitha uga njaga keresikan sekolah.
Rohma :
ura mung neng sekolah tok,neng umah uga seneng resik-resik.
Emilia
lan farida : he.emmmmmm...
#kitha
janji yen menowo mbuwak sampah lan onok ssampah uga menghindar,kitha kudhu
mbuwang sampah ing tempat sampah supados lingkungan resik sedaya.
Mulai dino iku
sak sahabatan kuwi seneng resik-resik lan njaga lingkungan sekolahe.
Ceritanya bagus
BalasHapusizin copas ya
BalasHapus