SEKOLAH
SEHAT (ADHIWIYATA)
UNJUK ATUR
Kagiyatan Sekolah Sehat (ADHIWIYATA)
Dening :
Emilia Lailatul Maghfiroh (05)
Farida (06)
Putri Lestari (20)
Siti Rohmawati (25)
SMP NEGERI
1 JENU
Jalan Raya Jenu-Merakurak Kecamatan Jenu Kabupaten
Tuban
62352 telp (0356)711088
2016
Lembar
Pratelan
Teks Unjuk
Atur Kagiyatan
Irah-irahan : Sekolah Sehat (ADHIWIYATA)
Panyerat : Kelompok 5
Sasampunipun maos lan
nupiksa isinipun kanthi titi mila kita mratelaaken netepaken, bilih seratan
menika mboten mlagiat utawi nedhak pamawas saking seratanipun tiyang sanes lan
kawinahyakaken murakabi.
Katetepaken
ing : Jenu
Rikala
Surya
: 12 Januari 2016
Pangarsa SMP N 1 Jenu, Guru Panuntun,
Rasmani Yuniarti,
S.Pd
ATUR CECALA
Kanthi
ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang paringkanugrahan
kawilujengan, rahmat, ugi hidayah, panyerat saged ngronce seratan unjuk atur
ngantos purna. Seratan unjuk atur menika irah-irahanipun “Sekolah Sehat
(Minangka Nyengkuyung Program Adhiwiyta)”. Ancasipun ngronce seratan unjuk atur
menika kangge sarana sinau pamaos.
Panyerat
ngrumaosi menawi seratan menika saged purna amargi pitedah saking Allah SWT,
lumantar tuntunan saking Bapak saha Ibu guru sarta urun rembagipun para kadang
ingkang sampun mbiyantu panyerat. Pramila ing kalodhangan menika, panyerat
ngaturaken agunging panuwun dhumateng :
1.
Rasmani, minangka Pangarsa SMP Negeri 1 Jenu ingkang paring kalodhangan
saengga seratan menika saged purna.
2.
Yuniarti, S.Pd., minangka panuntun ingkang tansah maringi pitedah
saengga seratan menika saged purna.
3.
Kanca-kanca siswa SMP Negeri 1 Jenu ingkang tansah nyengkuyung dhumateng
panyerat.
Pamrayogi saha panyaruwe saking sedaya kemawon, panyerat ajeng-ajeng
kangge sampurnaning seratan menika. Salajengipun, mugi-mugi seratan menika
saged nggadahi mupangat dhateng kita sedaya. Aamiin..
Panyerat
BAB I
PURWAKA
A. Pawadaning Prekawis
Kerusakan lingkungan paling kathah disebabaken dening tiyang
ingkang nggadahi sifat egois, boten tanggung jawab, lan sembrana. Sifat kados
niki saged ngerugikake masyarakat liyane lan alam ingkang keseimbanganipun
terganggu. Tiyang ngerusak lingkungan amargi kangge nyukupi kebutuhanipun. Lan
sisanipun kerusakan lingkungan disebabaken dening bencana alam.
Kangge ngatasi masalah ing inggil, pemerintah nganakaken
pendidikan lingkungan hidup ing sekolah. Pendidikan lingkungan hidup inggih
menika salah setunggalipun ngetrepaken pendidikan karakter. Pendidikan karakter
lan lingkungan hidup nanemke nilai-nilai karakter kangge warga sekolah
antawisipun pengetahuan (kognitif), kesadaran utawi kemauan (afektif), lan
tindakan (psikomotor) kangge nglaksanaaken nilai-nilai ing inggil.
Tapi program pendidikan lingkungan hidup boten kasil ing
Indonesia, pemerintah nyengkuyung program enggal, inggih menika program
Adiwiyata. Adiwiyata menika salah setunggaling strategi pemerintah kangge
mujudaken sekolah peduli lan berbudaya lingkungan.
B. Babaring Prekawis
1.
Menapa dampak program Adiwiyata dhumateng sekolah-sekolah ing Indonesia
?
2.
Menapa dampak program Adiwiyata dhumateng masyarakat ing Indonesia?
3.
Menapa langkah-langkah ingkang di tempuh pemerintah kangge nyengkuyung
program Adiwiyata?
C. Ancasipun Panaliten
Teks unjuk atur menika nggadahi ancas :
1.
Kangge mangertosi dampak program Adiwiyata dhumateng sekolah ing
Indonesia.
2.
Kangge mangertosi dampak program Adiwiyata dhumateng masyarakat ing
Indonesia.
3.
Kangge mangertosi langkah-langkah ingkang di temouh pemerintah kangge
nyengkuyung program Adiwiyata.
D. Mupangatipun Panaliten
Panaliten menika nggadahi mupangat :
1.
Ngaturi pirsa dhumateng brayat gung bab sekolah sehat kangge nyengkuyung
program Adiwiyata.
2.
Minangka sumbangsih dhumateng ngelmu lan kaweruh program Adiwiyata.
BAB II
KAJIAN PUSTAKA
A. Kajian Pustaka
Peserta program Adiwiyata tahun 2013, saking target 10% sekolah
ingkang wonten utawi sebesar 22.000 sekolah ing tingkat SD/MI, SMP/MTs, SMA/MA
lan sekolah kejuruan, naming wonten 4.132 sekolah ingkang dherek urun dados
peserta utawi naming sebesar 1.87% saking sekolah ingkang wonten.
Tapi target sekolah ingkang angsal penghargaan Adiwiyata ing
tahun 2013 inggih menika 1.260, kasunyatanipun target sekolah ingkang angsal
penghargaan Adiwiyata sebesar 593 sekolah utawi sebesar 47,06% realisasi saking
target ing inggil.
BAB III
ASIL
A.
Asil
Program Adiwiyata inggih menika program ingkang sangat
berpotensi numbuhaken kesadaran ngenani perlindungan lingkungan hidup.
Adiwiyata menika gadah
dampak dhumateng sekolah ingkang angsal gelar Adiwiyata, antawisipun inggih
menika :
1.
Sekolah bisa dherek urun luwih aktif dhumateng pangaripta kawasan
ingkang peduli dhumateng lingkungan.
2.
Sekolah saged pangaripta siswa-siswi ingkang sadar lingkungan.
3.
Sekolah saged dherek urun dhumateng sedaya kagiyatan dalam rangka
ngurangi global warming.
4.
Sekolah saged dados sarana penyalur pendidikan lingkungan secara praktek
langsung.
Boten namung sekolah, siswa ugi angsal dampak ingkang positif saking
program niki, antawisipun :
1.
Siswa saged buang sampah boten sembarangan.
2.
Siswa saged mangertosi pentingipun milah-milih sampah.
3.
Siswa saged mangertosi sejatosipun barang bekas boten namung damel di
buang, tapi ugi saged dipunpendhet mupangatipun.
Kangge tumuju sekolah Adiwiyata ingkang berbudaya lan
berwawasan lingkungan, wonten beberapa
langkah-langkah ingkang mesti disiapaken ingkang ngelibataken beberapa tingkatan, ugi saking tingkat
pemerintah, sekolah ngantos masyarakat sakupengipun sekolah. antawisipun
beberapa langkah-langkah ingkang saged dilakukaken kangge tumuju Sekolah Adiwiyata ingkang
berbudaya lan berwawasan lingkungan :
1.
Kebijakan
Pemerintah Kabupaten/Kota kaliyan
mensosialisasikaken Program Adiwiyata.
2.
Antusias
Sekolah/Kepala Sekolah kangge ngelaksanakaken Program Adiwiyata ingkang dhuwur.
3.
Wontenipun Guru ingkang Khusus nangani
Program Adiwiyata.
Beberapa hal ingkang mesti dilakukan dening guru ingkang
khusus nangani Program Adiwiyata kangge nglaksanakaken
program Adiwiyata antawisipun:
a.
Damel Tim Sekolah
Tim
sekolah inggih
menika tim ingkang gadah peran penting dhumateng pelaksanaanipun pengelolaan
lingkungan ing sekolah, termasuk nglibataken sedaya unsur warga sekolah dados
penting termasuk dherek urun aktifipun
dari saking sedaya siswa. Partisipasi siswa dados elemen penting. Kangge kejayaan
sekolah berbudaya lan berwawasan lingkungan perlu didamel tim ingkang
anggotanipun antawisipun :
¶
Kepala
Sekolah
¶
Guru
¶
Siswa
¶
Orangtua
Siswa
¶
Warga
Sekolah (petugas kebersihan, petugas tata usaha, pengelola kantin)
¶
Pemerintah
daerah (lurah, camat lan liya-liyanipun)
¶
Masyarakat
sakupengipun sekolah
b.
Kajian
Lingkungan
Kajian lingkungan sekolah berbudaya lan berwawasan lingkungan dirancang kangge maringi gambaran
kondisi sekolah. Asil kajian lingkungan badhe
menginformasikaken Rencana Aksi napa mawon ingkang badhe dilaksanakaken.
Kejawi niku, kajian lingkungan ugi badhe ngrencangi sekolah kangge nemtokaken
perubahan napa diperlukaken, mendesak utawi boten dibutuhaken. niki ugi badhe ngrencangi
netepaken sasaran ingkang realistis lan ngukur keberhasilan ingkang sampun
dicapai.Kajian lingkungan saking tim ing sekolah mencakup macem-macem isu
lingkungan sekolah, antawisipun :
c.
Rencana
Aksi
Beberapa hal ingkang
perlu damel diperhatekaken dhumateng damel perencaan aksi ing
sekolah inggih
menika :
§
Penyusunan
rencana aksi berangkat saking asil
kajian lingkungan ingkang sampun dilakukaken saking tim
lingkungan sekolah.
§
Netepaken pripun caranipun ngukur
tingkat keberhasilan dhumateng ncapai tujuan.
§
Mendiskusikan
jangka waktu kangge saben
aktivitas.
§
Netepaken sinten kemawon ingkang badhe dados penangggung jawab saben
kagiyatan.
BAB IV
PANUTUP
A. Kesimpulan
saking unjuk atur kita saged nyimpulaken, inggih
menika :
program Adiwiyata bilih di laksanakaken kanthi saestu,
kita yakin sekolah-sekolah ing Indonesia lan lingkungan ing sakupengipun
sekolahan, lingkunganipun saged resik, sehat, lan luwih indah.
B. Pamrayogi
Secara umum :
ª
Kita menehi pamrayogi bilih kita kudu njagi lingkungan saking tiyang
ingkang boten tanggung jawab.
ª
Kita menehi pamrayogi bilih kita kudu nanem wit-witan supaya lingkungan
katon ijem.
ª
Kita menehi pamrayogi bilih kita kudu ngresiki lingkungan ing
sakupengipun kita.
Secara
khusus :
ª
Kita menehi pamrayogi dhumateng siswa-siswi SMP Negeri 1 Jenu supaya
ngresiki lingkungan sekolah lan sakupengipun.
ª
Kita menehi pamrayogi dhumateng bahak saha ibu guru SMP Negeri 1 Jenu
supaya memantau kahanan sekolah lan sakupengipun sekolah.
ª
Kita menehi pamrayogi dhumateng masyarakat ing sakupengipun SMP Negeri 1
Jenu njagi lingkungan supaya tetep resik.
BAB V
KAPUSTAKAN
¶ Buku LKS kelas 9
Sangat membantu guys
BalasHapusSangat membantu guys
BalasHapus