Minggu, 01 Mei 2016

teks unjuk atur

SEKOLAH SEHAT (ADHIWIYATA)
UNJUK ATUR
Kagiyatan Sekolah Sehat (ADHIWIYATA)


Dening :
Emilia Lailatul Maghfiroh (05)
Farida (06)
Putri Lestari (20)
Siti Rohmawati (25)

SMP NEGERI 1 JENU
Jalan Raya Jenu-Merakurak Kecamatan Jenu Kabupaten Tuban
62352 telp (0356)711088
2016













Lembar Pratelan
Teks Unjuk Atur Kagiyatan
Irah-irahan : Sekolah Sehat (ADHIWIYATA)

Panyerat : Kelompok 5
Sasampunipun maos lan nupiksa isinipun kanthi titi mila kita mratelaaken netepaken, bilih seratan menika mboten mlagiat utawi nedhak pamawas saking seratanipun tiyang sanes lan kawinahyakaken murakabi.






                                                                        Katetepaken ing : Jenu
                                                                        Rikala Surya       : 12 Januari 2016
Pangarsa SMP N 1 Jenu,                                 Guru Panuntun,




Rasmani                                                          Yuniarti, S.Pd
                                                                  


ATUR CECALA
Kanthi ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang paringkanugrahan kawilujengan, rahmat, ugi hidayah, panyerat saged ngronce seratan unjuk atur ngantos purna. Seratan unjuk atur menika irah-irahanipun “Sekolah Sehat (Minangka Nyengkuyung Program Adhiwiyta)”. Ancasipun ngronce seratan unjuk atur menika kangge sarana sinau pamaos.
Panyerat ngrumaosi menawi seratan menika saged purna amargi pitedah saking Allah SWT, lumantar tuntunan saking Bapak saha Ibu guru sarta urun rembagipun para kadang ingkang sampun mbiyantu panyerat. Pramila ing kalodhangan menika, panyerat ngaturaken agunging panuwun dhumateng :

1.            Rasmani, minangka Pangarsa SMP Negeri 1 Jenu ingkang paring kalodhangan saengga seratan menika saged purna.
2.            Yuniarti, S.Pd., minangka panuntun ingkang tansah maringi pitedah saengga seratan menika saged purna.
3.            Kanca-kanca siswa SMP Negeri 1 Jenu ingkang tansah nyengkuyung dhumateng panyerat.

Pamrayogi saha panyaruwe saking sedaya kemawon, panyerat ajeng-ajeng kangge sampurnaning seratan menika. Salajengipun, mugi-mugi seratan menika saged nggadahi mupangat dhateng kita sedaya. Aamiin..












Panyerat



BAB I
PURWAKA
A.    Pawadaning Prekawis
      Kerusakan lingkungan paling kathah disebabaken dening tiyang ingkang nggadahi sifat egois, boten tanggung jawab, lan sembrana. Sifat kados niki saged ngerugikake masyarakat liyane lan alam ingkang keseimbanganipun terganggu. Tiyang ngerusak lingkungan amargi kangge nyukupi kebutuhanipun. Lan sisanipun kerusakan lingkungan disebabaken dening bencana alam.
      Kangge ngatasi masalah ing inggil, pemerintah nganakaken pendidikan lingkungan hidup ing sekolah. Pendidikan lingkungan hidup inggih menika salah setunggalipun ngetrepaken pendidikan karakter. Pendidikan karakter lan lingkungan hidup nanemke nilai-nilai karakter kangge warga sekolah antawisipun pengetahuan (kognitif), kesadaran utawi kemauan (afektif), lan tindakan (psikomotor) kangge nglaksanaaken nilai-nilai ing inggil.
      Tapi program pendidikan lingkungan hidup boten kasil ing Indonesia, pemerintah nyengkuyung program enggal, inggih menika program Adiwiyata. Adiwiyata menika salah setunggaling strategi pemerintah kangge mujudaken sekolah peduli lan berbudaya lingkungan.
B.     Babaring Prekawis
1.      Menapa dampak program Adiwiyata dhumateng sekolah-sekolah ing Indonesia ?
2.      Menapa dampak program Adiwiyata dhumateng masyarakat ing Indonesia?
3.      Menapa langkah-langkah ingkang di tempuh pemerintah kangge nyengkuyung program Adiwiyata?
C.    Ancasipun Panaliten
      Teks unjuk atur menika nggadahi ancas :
1.      Kangge mangertosi dampak program Adiwiyata dhumateng sekolah ing Indonesia.
2.      Kangge mangertosi dampak program Adiwiyata dhumateng masyarakat ing Indonesia.
3.      Kangge mangertosi langkah-langkah ingkang di temouh pemerintah kangge nyengkuyung program Adiwiyata.
D.    Mupangatipun Panaliten
      Panaliten menika nggadahi mupangat :
1.      Ngaturi pirsa dhumateng brayat gung bab sekolah sehat kangge nyengkuyung program Adiwiyata.
2.      Minangka sumbangsih dhumateng ngelmu lan kaweruh program Adiwiyata.

BAB II
KAJIAN PUSTAKA
A.    Kajian Pustaka
      Peserta program Adiwiyata tahun 2013, saking target 10% sekolah ingkang wonten utawi sebesar 22.000 sekolah ing tingkat SD/MI, SMP/MTs, SMA/MA lan sekolah kejuruan, naming wonten 4.132 sekolah ingkang dherek urun dados peserta utawi naming sebesar 1.87% saking sekolah ingkang wonten.
      Tapi target sekolah ingkang angsal penghargaan Adiwiyata ing tahun 2013 inggih menika 1.260, kasunyatanipun target sekolah ingkang angsal penghargaan Adiwiyata sebesar 593 sekolah utawi sebesar 47,06% realisasi saking target ing inggil.
  
BAB III
ASIL
A.    Asil
      Program Adiwiyata inggih menika program ingkang sangat berpotensi numbuhaken kesadaran ngenani perlindungan lingkungan hidup.
Adiwiyata menika gadah dampak dhumateng sekolah ingkang angsal gelar Adiwiyata, antawisipun inggih menika :
1.      Sekolah bisa dherek urun luwih aktif dhumateng pangaripta kawasan ingkang peduli dhumateng lingkungan.
2.      Sekolah saged pangaripta siswa-siswi ingkang sadar lingkungan.
3.      Sekolah saged dherek urun dhumateng sedaya kagiyatan dalam rangka ngurangi global warming.
4.      Sekolah saged dados sarana penyalur pendidikan lingkungan secara praktek langsung.
Boten namung sekolah, siswa ugi angsal dampak ingkang positif saking program niki, antawisipun :
1.      Siswa saged buang sampah boten sembarangan.
2.      Siswa saged mangertosi pentingipun milah-milih sampah.
3.      Siswa saged mangertosi sejatosipun barang bekas boten namung damel di buang, tapi ugi saged dipunpendhet mupangatipun.
Kangge tumuju sekolah Adiwiyata ingkang berbudaya lan berwawasan lingkungan, wonten beberapa langkah-langkah ingkang mesti disiapaken ingkang ngelibataken beberapa tingkatan, ugi saking tingkat  pemerintah, sekolah ngantos masyarakat sakupengipun sekolah. antawisipun beberapa langkah-langkah ingkang saged dilakukaken kangge tumuju Sekolah Adiwiyata ingkang berbudaya lan berwawasan lingkungan :
1.      Kebijakan Pemerintah Kabupaten/Kota kaliyan mensosialisasikaken Program Adiwiyata.
2.      Antusias Sekolah/Kepala Sekolah kangge ngelaksanakaken Program Adiwiyata ingkang dhuwur.

3.      Wontenipun Guru ingkang Khusus nangani Program Adiwiyata.
Beberapa hal ingkang mesti dilakukan dening guru ingkang khusus nangani Program Adiwiyata kangge nglaksanakaken program Adiwiyata antawisipun:
a.       Damel Tim Sekolah
Tim sekolah inggih menika tim ingkang gadah peran penting dhumateng pelaksanaanipun pengelolaan lingkungan ing sekolah, termasuk nglibataken sedaya unsur warga sekolah dados penting termasuk dherek urun aktifipun dari saking sedaya siswa. Partisipasi siswa dados elemen penting. Kangge kejayaan sekolah berbudaya lan berwawasan lingkungan perlu didamel tim ingkang anggotanipun antawisipun :
  Kepala Sekolah
  Guru
  Siswa
  Orangtua Siswa
  Warga Sekolah (petugas kebersihan, petugas tata usaha, pengelola kantin)
  Pemerintah daerah (lurah, camat lan liya-liyanipun)
  Masyarakat sakupengipun sekolah
b.      Kajian Lingkungan
Kajian lingkungan sekolah berbudaya lan berwawasan lingkungan dirancang kangge maringi gambaran kondisi sekolah. Asil kajian lingkungan badhe menginformasikaken Rencana Aksi napa mawon ingkang badhe dilaksanakaken. Kejawi niku, kajian lingkungan ugi badhe ngrencangi sekolah kangge nemtokaken perubahan napa diperlukaken, mendesak utawi boten dibutuhaken. niki ugi badhe ngrencangi netepaken sasaran ingkang realistis lan ngukur keberhasilan ingkang sampun dicapai.Kajian lingkungan saking tim ing sekolah mencakup macem-macem isu lingkungan sekolah, antawisipun :
*    Sampah
*    Toya
*    Energi
*   Makanan lan kantin sekolah
*   Keanekaragaman hayati
c.       Rencana Aksi
Beberapa hal ingkang perlu damel diperhatekaken dhumateng damel perencaan aksi ing sekolah inggih menika :
§      Penyusunan rencana aksi berangkat saking asil kajian lingkungan ingkang sampun dilakukaken saking  tim  lingkungan  sekolah. 
§      Netepaken  pripun  caranipun  ngukur  tingkat  keberhasilan dhumateng ncapai tujuan.
§      Mendiskusikan jangka waktu kangge saben aktivitas.
§     Netepaken sinten kemawon ingkang badhe dados penangggung jawab saben kagiyatan.

BAB IV
PANUTUP
A.    Kesimpulan
saking unjuk atur kita saged nyimpulaken, inggih menika :
program Adiwiyata bilih di laksanakaken kanthi saestu, kita yakin sekolah-sekolah ing Indonesia lan lingkungan ing sakupengipun sekolahan, lingkunganipun saged resik, sehat, lan luwih indah.
B.     Pamrayogi
Secara umum :
ª      Kita menehi pamrayogi bilih kita kudu njagi lingkungan saking tiyang ingkang boten tanggung jawab.
ª      Kita menehi pamrayogi bilih kita kudu nanem wit-witan supaya lingkungan katon ijem.
ª      Kita menehi pamrayogi bilih kita kudu ngresiki lingkungan ing sakupengipun kita.
Secara khusus :
ª      Kita menehi pamrayogi dhumateng siswa-siswi SMP Negeri 1 Jenu supaya ngresiki lingkungan sekolah lan sakupengipun.
ª      Kita menehi pamrayogi dhumateng bahak saha ibu guru SMP Negeri 1 Jenu supaya memantau kahanan sekolah lan sakupengipun sekolah.
ª      Kita menehi pamrayogi dhumateng masyarakat ing sakupengipun SMP Negeri 1 Jenu njagi lingkungan supaya tetep resik.

BAB V
KAPUSTAKAN
   Buku LKS kelas 9

2 komentar: